Wednesday, May 27, 2020

WfH Series: Ngrungokke lan Dirungokke



--Kartiman

Edisi “Latihan Basa Jawa”

Urip ono sajroning pasrawungan pancen ora gampang, kudu gelem tulad tinuladan. Bebasan timbangan, dadiyo timbangan sing adil, ojo nganti njomplang, supoyo ora ngrugekke wong liya. Nanging kabeh kuwi mung gampang diomongke, kasunyatane angel banget. Ono unen-unen “thukuling jamur ing mangsa ketiga”, angel lan adoh kelakone.
Ngrungokke lan dirungokke isa kanggo bukti menawa tumindak adil iku pancen angel. Opo maneh ing jaman saiki dadi barang kang larang regane. Ora saben pawongan iso lan gelem nglakoni. Menawa ono sing gelem nglakoni mergane kepeksa, ora tuwuh saka niate dhewe. Dadi mung neng kulit, ora nganti tumekeng daging, opo maneh nganti balung sungsum.
Ngrungokke lan dirungokke kedadeyan soko tembung “krungu” utowo midhanget. Saben pawongan, mligine sing urip neng tlatah etnis Jawa, etnis Jawatimur, etnis Banyumas, lan etnis Semarang uwis ngerti opo jarwane tembung krungu. Nanging ora kabeh pawongan ngerti opo jarwane ngrungokke lan dirungokke. Sejatine ngrungokke lan dirungokke iku iso dinggo pasemon tumrape manungsa urip neng bebrayan agung.

Menawa kaperang, sejatine pawongan iku akeh-akehe mung gelem dirungokke, nanging ora gelem menawa kudu ngrungokke. Menawa lagi ngomongan bebasan koyo dalang kang lagi medharsabdo, utawa koyo Ratu kang lagi paring dhawuh “sabdo pandito ratu”, opo kang dadi omongane kudu dirungokke lan dilakoni. Nanging menawa genti kudu ngrungokke omongane liyan, bebasan “udhu geger”, nyingkuri, nganggep yen sing diomongke liyan ora ono gunane.

Kahanan ing ndhuwur saiki wis kedadeyan neng masyarakat. Ora sithik pawongan kang adigang, adigung, adiguna. Kabeh kepengin dadi pemimpin, nganti koyo ora ono bedane pemimpin karo sing dipimpin. Kabeh amung mbujung mareme pribadi datan mulad rekasaning liyan. Opo kang omongke kudu dirungokke lan dilakoni, sanajan ora bener, ora mentes, lan mbeblinger liyan. Tambah mongkok maneh menawa opo sing diomongke iso nggawe girising liyan. Mbok menawa pancen mareming ati yen nyumurupi cilakaning liyan mergo omongane.

Ndonya pancen wis kebak kacintrakan. Wong ngalah dhuwur wekasane, dadine wong ngalah dhuwur rekasane. Becik ketitik ala ketara, dadine sing becik mung sethithik, sing ala tambah ngambra-ambra. Durjana disubya-subya, satriya dipulasara. 

2 comments:

  1. yen pancen kaya mengkono, dinggo nembang wae, ya dinggo nembang wae, dimen katon bungah..

    ReplyDelete
  2. Nuwun, mas Karti, iki edisi sing apik kanggoku sinau. Ora mung sinau basa Jawa, ning ya sinau nilai-nilai sing diungkapke...

    ReplyDelete