Friday, July 3, 2020

WfH Series: PITUTUR SEMAR


Dening: Ki Sito Mardowo



SULUKAN:



Sansaya dalu araras abyor kang lintang kumedhap,

Titisonya madya ratri,

Lumrang gandaning puspita, ooooo

Sang Dwijara ambrengengeng

Lir swaraning madu branta

Manungsung sarining sekar.


JANTURAN:

Sumiliring angin amawa teja satemah kekes jroning angga, Sang Hyang Anggopati wus lumengser, pratandhaning wis ngancik ing madya ratri. Sepa sepi lir asepah samun amimbuhi nala lan budi kang sansaya suwung ing kekarepan. Sinarengan jumedhuling ki Lurah Semar kang nedya ambabar jatining gesang.

SEMAR:

Eeeehh…… mbegegeg ugeg-ugeg sadulita… hemel…hemel…..

Anakku kabeh para guruning guru, mara gage padha rungokna kabeh.

Aku kang wus kasebdaake dadi Semar, kang mengku werdi aku kudu saguh dadi ‘batur’. Sesanggemane batur yaiku kudu saguh ngladeni salwiring kekarepan sing dikersaake bendarane. Sesanggan dadi batur iku ora enteng, awit kudu bisa ngerti kanthi gamblang apa kang dikarepake bendarane. Aja nganti geseh sanadyan amung sagedhene rikma pinara sasra.

Ingsun uga kasebdaake dadi Ki Badranaya, kang mengku werdi kudu saguh dadi pamomong. Werdine pamomong yaiku njejegake kang bengkung, nyambung kang wis putung. Njejegake kang bengkung ateges yen ta momonganmu nalisir saka tumindhak bebener kudu sira prenahake supaya lempeng tumindhake saengga ora kecemplung ana juranging kanisthan. Nyambung kang wis putung ateges bisaa aweh pepadhang marang momonganmu sing wis kebacut nglumpruk tanpa daya pepes atine awit katrajang ruweting kahanan. Bisaa dadi obor jroning pepeteng, bisaa asung teken sing padha kalunyon. Yekti momongan kang nadhang reribed iku kudu sira tulungi kanthi kawicaksananmu.

Ulun uga kasebdaake dadi Shang Hyang Bathara Ismaya, kang werdine ulun diparingi saka Shang Hyang Wenanging Jagad gawe aru-biruning kahanan. Ulun diwenangake mranata lan dhapuk sakehing pawongan anut kadewasaning para pawongan. Kabeh kudu alandesan watak kawicaksanan, kaadilan, sarta kajujuran kang wus tumanem jroning atimu. Pawongan kang darbe kadewasan wawasan jembar nuli kaparingan tanggung jawab kang gedhe, nanging kosok baline kang cumpen wawasan aja sira peksa kudu ngrampungake tanggung jawab kang gedhe. Iki sing diarane wicaksana, sabanjuran bab kaadilan. Kaadilan mono mengku suraos adil katonton saka tanggung jawab iku. Kang gede tanggung jawabe paringana bebana kang gedhe, sing tanggung jawabe cilik wenehana bebana kang cilik. Pamawas adil kudu padha gunggunge iku salah lan ora trep munggwing pasamuan apa wae, nanging gedde-cilik gunggungan kuwi sinartan tanggun jawab.

Eeeehh…… mbegegeg ugeg-ugeg sadulita… hemel…hemel…..

Anakku kabeh,…… sira iku wis kasebda dadi guruning guru. Panjalukku, sira bisaa duwe watak Semar, Badranaya, lan Ismaya. Watak telu kudu bisa manjing ajur-ajer ana ing tindak tanduk, solah laku anggonmu ngugemi sesanggeman dadi guruning guru kuwi mau.

Awatak Semar, sanadyan ana ing pasamuwan, ana ing pandulu sira dudu asipat batur nanging prastawa iku dadekna pangeling-eling yen ta gelema sira ngladeni siswamu anggone pengin nggegulang ilmu sing durung bebles utawa jero. Para siswamu yaiku para guru utawa dwija dharbeni cara kang maneka warna, mulane sira kudu bisa ngladeni siji lan sijine supaya siswamu bisa sinau kanthi cepet, bener, lan prayoga saengga antuk ilmu sing dadi kekarepane. Sira ora kena meksa siswamu siji lan sijine kudu padha lan kanthi cara sinau sing padha uga.


Awatak Badranaya, watak pamomong uga kudu sira upadi kanthi temen lan bener. Siswa kang dumadi saka para guru wus duwe sakehing ngelmu nanging isih ngorong marang ngelmu kang durung dimangerteni. Karana wis padha nduwe ngelmu mulane sira perlu milahake endi guru sing perlu dimong kanthi longgar lan endi guru sing dimong kanthi rapet. Dimong kanthi longgar tegese, guru kasebut wis akeh ngelmune lan bener anggone ngetrepake. Guru iki kudu dimong supaya sansaya gedhe atine lan enggal rampung anggone nggegulang. Dimong kanthi rapet lire, guru kasebut sanadyan wus akeh ngelmune nanging durung utawa ora jumboh karo babagan kang bakal digegulang, mulane sira kudu sareh anggone nunthun siji mbaka siji supaya ora ana kang cicir.

Watak kang katelu yaiku awatak Sang Hyang Bathara Ismaya. Sira diwenangake nemtokake pawiyatan kang diudi dening para siswamu. Kasil lan orane sacara ‘resmi’ sira kang darbe kawenangan nemtoake. Prastawa iki kudu sira gunaake kanthi bener. Singkirna watak sing adoh saka kawicaksanan lan kaadilan. Lakonana kanthi premati saengga sira bakal aweh bebana kang trep anut kadiwasaning para siswa. Iki ora nyindir…. Dupeh siswamu duwe guwaya kang ayu merak ati, sanadyan nganti purnaning pawiyatan ora mumpuni nanging sira aweh bebana sing akeh ngalahake para siswamu kang luwih unggul kadewasane. Iku ora trep lan ora bener.


Eeeehh…… mbegegeg ugeg-ugeg sadulita… hemel…hemel…..

Hmmmmm… sajake wengi kang kekes iki wis ndungkap rahina… wis anakku kabeh

Mbok menawa amung sak klungsu anggonku aweh seserapan marang kowe kabeh…. Ana becike nuli enggal nggonen…nanging menawa ana samukawis sing ora trep ya aja sira rewes.. aja sira gunaake….

Trontong-trontong hyang Arka wis manjing, kae ndara Janaka wis tedhak saka patileman…. Aku sowan ndara dhisik. Matur nuwun awit kawigatosan anakku kabeh. Jaya- jaya Wijayanti, suradira jayaningkangrat, swuh brastha tekaping ulah darmastuti.

SULUKAN:


Tan samar pamoring suksma, 

Sinuksmaya winahya ing asepi, 

Sinempen telenging kalbu, 

Pambukaning warana, 

Tarlen saking liyep layaping aluyub, 

Pindha supena sumusuping rasa jati

6 comments:

  1. Sip, mas Sito....
    Saya belajar dari tulisan ini dengan dibantu penerjemah...hehehe...

    ReplyDelete
  2. Saya tidak mengerti karena tidak punya penerjemah. Ngertinya ini pitutur bagi kita dalam meniti kehidupan. Terima kasih mas Siti👍👍👍

    ReplyDelete