--Sito Mardowo
===== Mohon maaf teman-teman WI terkasih, saya menulis menggunakan bahasa Jawa Ngoko Alus Populer dan saya campur aduk dengan sedikit bahasa Indonesia.
=======
Nalika virus Corona wis handerba jroning tanah
Nuswantara, donyane kaya-kaya mandheg.
Pemerintah kanthi waskitha aweh paugeran tumrap kabeh warga ing saindenging
bangsa Indonesia. Tlatah kulon ing Sabang nganti tumekeng tlatah wetan Merauke
kaajab bisaa anut lan nyengkuyung mungguhing paugeran kuwi mau. Salah
sawijining kawicaksanan pemerintah sing paling ‘populer’ yaiku WFH utawa Work From Home kang andharane nyambut
gawe saka ngomah lan LFH Learning From
Home kang andharane sinau sakan ngomah. WFH katujokake marang para pegawai
utawa karyawan, menawa LFH katujokake marang para siswa sing sinau jroning
pawiyatan.
Magepokan karo irah-irahan
kasebut, aku mung pengin ngudarasa pengalamanku babagan WFH lan LFH kuwi mau
nalika nglakoni ing ngomah. Nalika kawicaksanan WFH lan LFH lumadi, sak banjure
aku lan anakku murwani pakaryane dewe-dewe. Sajroning nandangi gaweyanku tak
sambi uga mbiyantu anakku anggone sinau online
menawa ana babagan kang durung ngerti. Sajroning mbiyantu anakku kuwi, banjur
tuwuh pamikirku menawa ana saperanganing bab sing dadi pepapalang nalika siswa
sinau, saengga sing sinau ora bisa jangkep utawa optimal. Nalika ora bisa
jangkep mesthine dadi ora kompeten. Mbok menawa iki dadi bahan penggalihan kita
kabeh. Babagan pepalang siswa sinau dewe (online)
ana ing ngomah yaiku:
1. Tugas-tugas sing diwenehake kanthi online ora bisa nggambarake tuntasing
kompetensi sing kudu dikuwasani siswa. Contone, nalika pelajaran bahasa Inggris
babagan tenses. Siswa diparingi tugas
nggawe kalimat utawa ukara sing migunakake paugeran tenses. Kamangka kanggo gawe kalimat kuwi, sakdurunge kudu
diterangake kanthi gamblang luwih dhisik carane nggawe kalimat nganggo paugeran
tenses. Nanging sanyatane, siswa didawuhi maca babagan tenses banjur didawuhi
gawe kalimat. Mesthi wae tugas sing digawe ora bisa dirampungake kanthi
sampurna, amarga beblesing pemahaman durung kacakup, namung sak gadhuke anggone
sinau wae.
2. Pendamping durung mesthi bisa ngrampungake
masalah sing diaepi para siswa. Mbok menawa anakku luwih mujur karana bapakke
uga prei saengga bisa diajak rembugan menawa ana tugas kang angel. Sawetara
embuh para siswa sing bapak-ibune tetep kudu kerja kantoran, tuladhane bapak
ibune sing ngasta ana ing rumah sakit. Nanging pranyata nalika ana pendamping
wae durung mesthi bisa ngrampungake tugase putrane. Contone aku. Nalika anakku
takon soal-soal pelajaran Matematika babagan ‘persamaan dan pertidaksamaan linear satu variabel’ wae aku ora
bisa nuduhke (wong karawitan ditakoni matematika…. Duuuhh). Sawetara anakku tak
cek cendhek-dhuwure sing dimangerteni isa nerangke kanthi gamblang. Nanging
nalika di cak’ake ana ing soal, diwolak-walik dadi bingung. Sawetara aku ora
bisa nuduhke cara nggarap soal sing bener. Pungkasane rembug anakku takon karo
kangmase sing ana semarang kanthi online uga, nanging babagan iki tetep wae ora
ndadekake anakku mudheng kanthi jangkep.
3. Wektu nggarap tugas ora ana wektu kang
gumathok. Nalika bapak-ibu guru gawe RPP, saben materi wis dirancang wektu kang
kudu digunaake kanggo ngrampungke salah sawijining kompetensi. Ukuran iku
kanggo nodi pikiran siswa utawa ‘pembiasaan’ siswa anggone nguwasani kompetensi
kanthi bebles. Sawetara iki, tugas-tugas sing diparingake kanggo siswa mbok
menawa bapak-ibu guru ana sing lali babagan iki. Tugas ana sing nganggo pathokan
jam pelajaran, tuladhane ‘kerjakan tugas ini sesuai JP ke 4-5, setelah selesai
dikirim melalui emal: bla..bla…bla. Email Ibu tunggu sampai pukul 10.15.’ Nanging
ana uga sing maringi tugas nganggo pathokan dina “ kerjakan tugas berikut,
nanti diemail paling lambat pukul 24.00’. Ana maneh ana sing nganggo pathokan
mlebu sekolah.” Kerjakan tugas berikut ini. Tugas ditulis pada kertas HVS dan
dikumpulkan pada saat masuk sekolah’. Ngematke pratelan-pratelan kuwi mau, mbok
menawa perlu kawigaten-kawigaten sing underane ngenani babagan beblesing
kompetensi sing dironce karo babagan suwene anggone nguwasani kompetensi.
Saksuwene awake dewe dadi WI
lan saksuwene awake dewe ndampingi guru, durung nate kepikiran babagan
formulasi guru nalika ndampingi siswane nalika sinau sacara online kaya kahanan
saiki. Formulasi kaya apa sing bisa
ditrepake, nanging kompetensi siswa sing wis karancang tetep bisa dilakoni
kanthi bebles.
Babagan WFH lan LFH iki amung mampir ana ing pikiranku, trus tak
iling ana tulisan iki. Babar blas aku ora nggunakake referensi apa-apa,…. Kaya
sing tak aturke ing ngarep. Aku mung ngudarasa. Matur nuwun kersa maos.
Wah sae punika Mas Sito, kula inggih kepengin sanget nyerat artikel mawi bahasa Jawi kados seratan panjenengan, ananging boten gadhah kompetensi ingkang cekap...Salut M Sito
ReplyDeleteSip!!
ReplyDeletePadha. Ndampingi 3 anak sing LfH
ReplyDeleteBapaknya bisa praktik jadi guru ya mas...
DeleteSaya juga merasakan kebingungan mas, saat mendampingi anak.
ReplyDeleteDan saya setuju yang disampaikan Mas Sito, memang yang terjadi kenyataannya seperti itu.
Wah... Tulisane mas Sito iki yen di waos pak Sito, karo direkam, mesthi koyo pak Besut jaman cilikanku biyen
Durung dipublish mas...hehehe...
DeleteAku mau komen disik dewe, ning kok ilang yo.
ReplyDeleteAku malah blas ora kelingan gayane p besut...
ReplyDeleteWah...kelingan maca majalah Joko Lodang karo Mekar Sari gek jaman aku cilik...hehehe...
ReplyDeleteSae sanget, mas Sito anggenipun ngudar raos...
Kita menika sok ngaken-aken para guru mucal satunggal kelas ingkang muridipun kawan dasa kanti sae, nanging jebulipun mucal anak kita ingkang namung setunggal kemawon radi kewalahan... (menika refleksi kula piyambak). Dados guru menika milo awrat, menurut pemanggih kula.